Senin, 07 Mei 2012

Foto Warna Atau Hitam Putih?

Foto Warna apa Hitam Putih?

Suatu hari ana bocah sing jenenge “Sambil” ( Mohon maaf jika ada kesamaan nama ), nama lengkape ya Sambil ngupil, Sambil trasi, Sambil mlaku, Sambil ngapain bae pokoke lah, Nah Sambil kue nembe bae lulusSMA. Gandeng wis lulus SMA mesthine butuh duit mbok? Wis ora diwei sangu maning si neng wongtuane, dadine Sambil mau nggolet pekerjaan. Golet golat golet akhire nemu kerjaan neng aring pabrik sing gaweane ngolah sampah utawa daur ulang sampah, ya ana apa ora kue aku be or ngerti, he,,, nah mbarang wis nemu terus 'Sambil maca persyaratane. Persyaratane kaya kiye :

  1. Foto copy KTP
  2. Foto copy Ijasah ( 2 lembar )
  3. Pas Foto 3 x 4 WARNA ( 2 lembar )


Mbarang wis dilengkapi persyaratane kue mau, Sambil mangkat maring lokasi arep ndaftar pegawean. Tekan kana Sambil langsung menuju maring bagian penerima karyawan baru nemoni pak Tomat ( mohon maaf jika ada kesamaan nama ) garep menyerahkan persyaratane.

  • Sambil :Assalamualaikum,,, heeee ana wong ora ya,,,, haloooo,,,,,,,,
  • Tomat : Waalaikum salam, heh! aja tulung tulung-tulung rika kang, aja mbaor-mbaor. Arep ngapa rika ngeneh-ngeneh, arep ngemis apa? Apa rika ora maca kae ana tulisan gede banget “ pengemis dilarang masuk”.
  • Sambil : Sabar dipit rika kang. Aja mecucu mecucu kaya kue lah rik lah kang, elek banget yakin. Nuwun sewu kiye ya kang, apa matane rika ora melek, wong Penampilane inyong be wis ganteng banget kaya kiye koh malah diarani pengemis,
  • Tomat : Ya wis perkenalkan nama saya Tomat, Kowe sapa?
  • Sambil : hahahahaaa Tomat??? deneng skaya nama buah? Ku kira-kira tomat mateng apa tomat bosok? Hahaha ya wis Inyong 'Sambil.
  • Tomat : hahaha Sambil trasi apa? Hahaha... BTW,,, Ngemeng-ngemeng,,, kowe arep ngapa ngeneh-ngeneh?
  • Sambil : nyong maring ngeneh kue arep ngalamar kang.
  • Tomat : Apa?! arep nglamar maring ngeneh? Rika salah nggon, nek arep nglamar kue aja neng kene, wong wadon kene kue wis pada due bojo kabeh, dadi aja nglamar neng kene kang. kene kue tempat kerja, apa? Tempat kerja!. dadi nek arep nglamar nglamar kue aja neng kene, kana nggolet sing esih  enom sing urung mbojo.
  • Sambil : Oooalaaah rika ya ora paham, rika ora mudeng rika, nyong meng ngeneh kue arep nglamar pekerjaan, di jenjet sending kue kupinge aja kur nggo cantelan tok ya. 
  • Tomat : Ooo nglamar pekerjaan ngomong ya awit mau. Ya wis endi ngeneh persyaratane.
  • Sambil : Kiye kang.
  • Tomat : Eeee kang kang, ujare kakangmu apa? Pak, pangil pak, wis dandan rapi kaya kiye koh esih diundang kang bae,
  • Sambil : Ya wis ini pak persyaratannya. Monggo dipirsani.
  • Tomat : Nah kaya kue li. Foto copy KTP ana, Foto copy ijasah ana, Foto 3 x 4 ana, lho lho lho lho lho, kiye rika salah kang
  • Sambil : Salah kepriwe? Aja macem-macem rika goli ngomong.
  • Tomat : Rika salah,,, fotone kue foto 3 x 4 WARNA, apa ? WARNA. Kiye rika nggawane foto HITAM PUTIH.
  • Sambil : Olaaaaah rika ora paham maning, rika tau sekolah apa or si? Gemiyen adong TK diwaraih warna apa ora rika?
  • Tomat : Ya diwaraih ya,
  • Sambil : Jajal wis, papan tulis jaman gemiyen warnane apa?
  • Tomat : Ireng,
  • Sambil : Rambutmu warnane apa?
  • Tomat : Rmbut ngendi kue?
  • Sambil : Ya ngendi bae lah,
  • Tomat : Rambut warnane irneg,
  • Sambil : Susu warnane apa?
  • Tomat : Susune sapa? eh maksude susu apa?Jan cilik cilik koe takonane saru lho...
  • Sambil : Rika pikirane aja ngeres ya, maksude susu sapi lho kang, kae sing didol neng warung, ana sing kalengan, ana sing plastikan.
  • Tomat : Ya wis, susu warnane putih.
  • Sambil : Kepriwe baleni manig.
  • Tomat : Susu warnane putih.
  • Sambil : Berarti putih kue warna apa udu?
  • Tomat : Ya nek kaya kue ya warna,
  • Sambil : Terus ireng warna pa udu kue?
  • Tomat : ya warna,
  • Sambil : Berarti kue foto hitam putih HITAM PUTIH sing nggo persyaratan WARNA apa udu kue?
  • Tomat : Ya warna,
  • Sambil : Warna apa jajal?
  • Tomat : Warna hitam putih.
  • Sambil : Berarti sing salah sapa jajal?
  • Tomat : Ya inyong sing salah dadine ya,
  • Sambil : Berrti nyong bisa diterima kerja neng kene mbok?
  • Tomat : Ya diterima. Ya wis siki nyong pamit Pak, ngesuk mulai kerja dadi siki arep siap siap dipit nggolet klambi karo kathok nggo kerja ngesuk si, ya wis maturnuwun pak,
Assalamualaikum wr wb.
  •  Tomat : Eeeeee eeeeeee mengko disit, aduh dadi bingung kiye hitam putih apa warna ya….. duuuuuuuuh…. Dilomboni kiye tah….